kumpulan geguritan (menulis kreatif)


Kumpulan Geguritan klik disini


Jamane

Barang kang nduweni aji
Saiki wus ora digagas
Disepelekake dening wong akeh
Apa iki wus jamane
Jaman kang bubrah
Jaman kang wus ora tata
            Barang sithik dadi kanca
            Barang akeh dadi bencana
            Ayo padha tangia
            Aja mung bisane ngresula
            Candhak tandhang gawe
            Kareben ana gunane
Ayo padha sadhar
Aja mung bisane mung nyampah blaka
Iki Negara kang nduweni tata karma
Ayo padha dijaga
Aja bisane mung nyebabake bencana









Kanca Maya

Esemane manis
Pawakane gagah prakasa
Tandang tanduke nyenengake
Senadyan ta isih awing-awang
Amarga durung wani anggone micara
Apa kudu kaya mangkene
Ati iki rasane wus ora karuwan
            Bisane mung gawe ati seneng
            Rasane malah sansaya kesengsem
            Ah, iki isih durung pasti
            Ileng mbok yo sing ileng
            Iki durung bisa dadi nyata
            Iki kabeh mung dadi kanca maya
            Kang durung bisa mangerti
            Kapan bisa tinemu












Goa Kreo

Sliramu kang ngerindhu ati
Apa ya sliramu ngrungokake
Isine atiku
Netes eluhku
Mikirke sliramu
Nalika ing papan iki
Sliramu wus nentremake atiku
Susah seneng jare dilakoni bareng
Ananging sliramu malah ngilang
Ing goa kreo iki
Papan kang wus ngilengke
Papan dunungmu marang aku
Tulung, nyingkira marang aku
Aku wus lila legawa
Pancen iki wus dalane
Kanggo aku lan sliramu










Kolam Renang

Delengen kae,
Langit mendhung
Awan-awan padha ngresula
Dhuh Gusti,
Kepiye carane
Kareben urip mulya ing donya
Heee menungsa
Apa kowe ora ngerteni
Aja bisane mung gawe cilaka
Kuwi dudu kolam renang
Sing nduweni banyu kang resik
Kuwi banjir
Sing anane mung nyebabake penyakit
Ayo para kanca
Padha ngremenani kahanan
Ileng donya iki titipan
Kang kudu dijaga









Kampus rasa budaya

Ijo royo-royo
Iku slogane
Iki lho sing jenenge konservasi
Ayem tentrem
Gemah ripah loh jinawi
Kampus endah edi peni
Budaya gung dipunlestantunaken
Supaya dadi wong kang migunani
Tumrap Bangsa lan Negara
Bakal endah salaminya
















Kangen

Manah iki wus tratapan
Bingung karepe arep tumindak
Rasa iki wus gawe manteping manah
Nalika sesandhingan
Aku wus seneng banget
Rasa kangen iki gawe pengin ketemu
Weruh saka adohan wae
Wus kesengsem
Hah, nambahi kangen wae
Panetrapmu gawe senenge atiku
















Kanca kang kinasih

Nalika sapisan
Atiku wis mantep
Marang kowe kabeh
Kang bakal dadi kancaku
Kang bakal nanting aku nalika tumiba
Kang bakal ngancani aku nalika susah
            Rangkul aku
            Anggep aku kluwargamu
            Lan aku bakal nganggep kowe kluwargaku
            Cuk,
            Aja ninggalke aku
            Tetep ning kene
            Tetep dadiya
            Kanca kang kinasih












Mamak

Sebutan kuwi ora asing maneh
Ya, mamak
Mamakku sing dak tresnani
Nalika cilik
Aku dirumati lan digemateni
Saiki ganten aku sing kudu ngrumati
Supaya dadi anak sing nduweni budi
            Mamakku sing dak tresnani
            Saiki anakmu wus gedhe
            Aja kok anggep aku cilik
            Aku wus bisa njaga awakku dhewe
            Aku bakal dadi anak sing bisa mbales budi
            Marang gumedhene rasa tresnamu marang anakmu
Gedhene gunung ora bisa ngungkuli
Rasa gedhene panuwunku marang sliramu
Aku ora lila yen mangerteni
Nalika sliramu
Nadhang loro mikirke awakku
Sepurane ingkang gedhe
Mamak aku tresna marang sliramu






Lawang Ngelmu

Yen sira ta dadi lawang, banjur apa sing kok karepake?
Lawang kang rusak, lawang kang resik, apa lawang sing durung wutuh.

Aku bakal dadi lawang kang resik
Supaya aku bisa dadi pepadhang
Migunani marang wong ing donya
Bakal dak bukak
Kanthi menga kang amba
Supaya cahya mlebet ing nala

Kaya dene lawang ngelmu
Sing bisa gawe urip mulya
Yaiku buku
Buku kang nduweni rumus
Supaya bisa dadi wong sing nduwe tata
Ing donya lan akhirat










Hoaks

Hoaks,
Aja gampang pracaya
Aja gampang emosi
Aja gampang gemati
Kene iki dadi siji
Jare harga mati
Lagi ngono wae wus nyebarke pawarta
Sing ora ngepenakake penggalihe wong liya
Ayo,
Ndang padha sadhar
Bangsa iki kudu dijaga
Ora malah dibudidaya karo wong njaba
Kerja! Kerja! Kerja!

Komentar

Postingan populer dari blog ini

cerkak anak (nonton pasar malem)

cerkak lelembut (sapa kuwi?)