cerkak anak (nonton pasar malem)
Nonton
Pasar Malem
Dening
Tutik Kholifah (2601417021)
Awan kuwi sajake srengenge katon sumringah, gawe
bungah ing manah. Bocah-bocah padha dolanan ing lapangan, ibu-ibu padha seneng
amarga klambine padha garing, lan bapak-bapak uga melu seneng amarga pegaweyane
cepet rampung. Nalika kuwi Toni lagi dolanan bal-balan ing lapangan karo
kanca-kancane, Toni pancen wiwit isih umur patang taun wis prigel anggone dolan
bal. saiki dheweke umur pitung taun, anggone sekolah wis kelas siji SD. Senajan
isih kelas siji SD Toni kuwi bocah sing sregep ngewangi Bapak lan Ibuk e ing
omah. Nalika lagi penak-penake dolan bal, dumadakan ana mobil lewat ing
tengah-tengah lapangan saperlu ngumumake menawa sok dina Kemis nganti Setu ana
pasar malem ing lapangan kuwi. Toni lan sakanca-kancane banget bungah atine,
amarga dheweke durung tau mara ing pasar malem.
Sakwise krungu wara-wara yen arep ana pasar malem,
banjur age-age Toni balik menyang omah saperlu badhe menehi ngerti menyang
Bapak lan Ibune. Sakwise ning omah, enggal-enggal Toni ngendikan marang Ibu.
“Bu, sok dinten Kemis ngantos Setu wonten pasar malem
teng lapangan lhoo.” Sinambi nggeret tangane Ibune.
“lhoo iya po nang, yowis kana ngajak Bapakmu lan
Mbakyumu wae.” Ibu ngendikan kanthi nampeni beras.
“Pak, sok dinten Kamis ngantos Setu wonten pasar malem
teng lapangan lhoo.” Madul karo Bapake sing lagi sibuk mbenerke radio sing
rusak.
“Yowis sok lunga mara pasar malem bareng-bareng yo
nang, jajal kana Mbakyumu diajak.” Sinambi mbenerke radio sing rusak.
“Mbak Desi, sok dinten Kemis ngantos Setu teng
Lapangan wonten pasar malem, nonton sareng-sareng nggih Mbak?” pitakone Toni
marang Mbakyune sing lagi mbiyantu Ibuk e lagi nampeni beras.
“Inggih Dhi, mangke nonton sareng-sareng nggih.”
Mbakyune mangsuli kanthi mesem marang Adhine.
Saiki wis dina Kemis, Toni sajak katon bungah atine.
Awit ing sekolahan dheweke wis ora sabar anggone bali ngomah supaya bisa
enggal-enggal nonton pasar malem karo kluwargane. Sakwise tekan ngomah banjur
Toni nyeluk-nyeluk Ibuke, sajak ora sabar pengin nonton pasar malem. Ananging
dumadakan Mbakyune Desi awake panas nalika bali saka sekolahan.
“Mbak, sampean kenapa?” pitakone Toni marang Mbakyune
sing lagi turu ana ing amben.
“Aku ora apa-apa Dhi, wis kana ndang enggal siap-siap
mara ing Pasar Malem karo Bapak lan Ibu.” Jawabane Mbakyune kanthi alon.
Banjur sakwise niliki Mbakyune ing njero kamar, Toni
sajak susah banget atine. Amarga dheweke ora tegel ninggalake Mbakyune dhewekan
sing lagi lara ing omah. Banjur Toni matur kaliyan Bapak lan Ibune yen ora sida
lunga mara pasar malem, amarga Mbakyune lagi lara.
“Ayo nang, age-age ndang siap-siap,. Jaremu arep ning
pasar malem.” Pitakone Ibuke marang Toni.
“Mboten estu Bu.” Jawabane Toni karo rada kuciwa.
“Lhoo ana apa nang kok gak sida?” Ibune nyelani maneh.
“Kapan-kapan mawon Bu, menawi Mbakyu Desi sampun
sehat.” Toni banjur mlebu ing kamar.
Bapak lan Ibune mung bisa nuruti apa sing dikarepake
marang anak lanange kuwi. Sesuke Toni katon sedhih banget, amarga saiki wis
dina Jemuah lan sesuk dina Setu kuwi terakhir ana pasar malem ing lapangan.
Banjur Toni mangkat sekolah kaya padhatane lan bali menyang ngomah kanthi
mrengut wae lan kala-kala niliki Mbakyune ning kamar. Sakwise kuwi banjur
dheweke diutus ngewangi Ibuke nglempiti klambi.
Dina Setu kuwi terakhir ana pasar malem ing lapangan,
Toni sajak katon susah banget atine, ing pikirane dheweke wis ora bakalan bisa
nonton pasar malem. Dumadakan saka mburi ana sing ngageti Toni jebul kuwi
Mbakyu Desi. Toni bungah banget atine nalika ngerti Mbakyune wis sehat. Banjur
bengi kuwi Toni lan kluwargane nonton pasar malem bareng-bareng.
Komentar
Posting Komentar