cerkak lelembut (sapa kuwi?)
Sapa
Kuwi?
Dening
Tutik Kholifah (2601417021)
Udane malah saya deres, Sinta ngiyup ing halte bis
saperlu arep bali menyang ngomah. Amarga omahe Sinta karo sekolahan kuwi adoh,
banjur dheweke sabendinane numpak bis kanggo mangkat sekolah lan bali menyang
omah. Kala-kala nalika kakange ana ing omah lan lagi ora sibuk dheweke diparani
marang kakange. Jalaran kakange dina kuwi lagi ana kerjanan sing ora bisa
ditinggalna banjur ora bisa marani Sinta.
“Saumpama Kang Badrun saiki ora kerja, paling aku ora
nganti ngenteni bis lan kudanan kaya mangkene.” Omongane Sinta sing rada kuciwa
marang kakange.
Sakwise tekan ngomah, banjur dheweke ditakoni marang
Ibune.
“Ndhuk, kok dengaren bali dalu? Apa mau ora ana bis
tah?” Pitakone Ibuke sing khawatir karo Sinta.
“Inggih Bu, awit kala wau jawah. Dadosipun bis padha
sami leren.” Wangsulane Sinta katon sayah banget.
“Yawis, ndang adus banjur mangan.” Wangsulane Ibu
marang Sinta.
Sinta pancen wis ora nduwe Bapak, dheweke kuwi anak
yatim. Sinta mung urip kaliyan Ibuke lan Kakange. Dadi Kakange Badrun kuwi sing
nyukupi kebutuhan kluwarga, mula Sinta lan Ibune sayang banget karo Kakange
Badrun. Semono uga Kang Badrun, nglakoni kabeh kuwi kanthi ikhlas lan ngerasa
bungah banget atine yen ngerti Ibune lan Adhine ngguyu bebarengan nalika tanpa
ana Bapak ing kono.
“Sin, kepiye mau ning sekolahan. Bisa nggarap ora?”
pitakone Kang Badrun sajak guyon.
“Ah, Kang Badrun. Ya mesthi wae bisa ta.” Sinta
mangsuli sajak katon sombong amarga bisa nggarap ujian.
Sakwise guneman karo Kakange, Sinta banjur donga
marang Gusti. Ing pandongane kuwi Sinta nyuwun muga-muga Ibune lan Kakange bisa
diparingi umur sing dawa, supaya dheweke bisa balas budi marang Ibune lan
Kakange sing wis nyekolahke dheweke. Ing wengi kuwi dumadakan Sinta ngimpi yen
salah siji untune ana sing coplok, dheweke wedi yen ana apa-apa marang Ibune
lan Kakange.
Isuk kuwi Sinta di terke Kakange mara sekolahan,
amarga Sinta sing nyuwun. Biasane Sinta numpak bis, nanging isuk kuwi dheweke
nganti nangis amarga pengin di terke Kakange mara sekolahan. Sakwise ngeterke
Sinta ing sekolahan, banjur Kakang Badrun mangkat kerja kaya padhatane.
Ananging Kang Badrun wis telat anggone kerja amarga mau ngeterke Sinta dhisek.
Banjur Kang Badrun ngebut supaya enggal tekan ing kerjanane. Dumadakan ana
mobil ing sak mburine Kang Badrun, mobil kuwi kayane rem e blong. Banjur nabrak
kang Badrun sing ana ing ngarepe nganti Kang badrun mencelat adoh. Wong-wong
ing kono banjur nulungi lan Kang Badrun digawa ing Rumah Sakit. Ananging Gusti
wis ngatur kabeh kuwi, sadurunge Kang Badrun digawa ing rumah Sakit dheweke wis
kapundhut ing panggenan kecelakaan.
Ibune Kang Badrun entuk telfon saka wong, ngewenehi
kabar yen Kang Badrun kecelakaan lan sampun kapundhut ing papan kecelakaan.
Langsung Ibune nangis sanalika krungu kabar kuwi, banjur Ibune nelfon Sinta
ngewenehi kabar yen Kakange wis kapundhut amarga kecelakaan. Sinta banjur mulih
menyang omah kanthi kebak rasa sedhih lan susah, jebul ngimpine kuwi dadi
nyata. Sanalika mayite Kang Badrun teka ing omah, Ibu lan Sinta semaput, amarga
isih ora ngira yen Kang Badrun bakal ninggalake dheweke wong loro. Sakwise
dikubur Sinta lan Ibune isih ora percaya yen Kang Badrun wis ora ana.
Wis ana seminggunan anggone Kang Badrun kapundhut,
nanging Sinta isih sedhih banget. Amarga Kang Badrun kuwi Kakange sing paling
disayang. Nalika ing sekolahan pikirane Sinta isih ora karuwan parane.
Dumadakan dheweke kaget nalika arep bali menyang omah, ning ngarep gerbang
sekolahan dheweke di parani karo Kakange Badrun. Sinta krasa seneng banget
atine, amarga dheweke bisa mulih bareng karo Kang Badrun.
“Kang, kok dengaren marani aku? Ora kerja tah? Mengko
nek dipecat lhoo.” Pitakone Sinta sajak guyon lan seneng banget atine, amarga
diparani karo Kakange sing paling disayangi.
Ing kono Kang Badrun mung mesem, banjur Sinta munggah
ing motor lan diboncengke Kang Badrun. Ing tengah dalan Kang Badrun dumadakan
mandheg ing masjid, Sinta dikon sholat dhisek ing masjid kono lan Kang Badrun
arep pamit tumbas es campur kanggo dheweke lan Ibu. Sinta manut marang Kakange,
banjur Sinta mlebu ing masjid saperlu arep sholat dhisek. Sakwise sholat Sinta
isih ngenteni kang Badrun teka, ananging wis ana telung jam an Kang Badrun durung
teka-teka. Banjur dheweke nelfon Ibune takon ngenani Kakange Badrun.
“Assalamu’alaikum, Bu. Kang Badrun sampun wangsul
dhateng griya nggih? amarga Kang Badrun dereng murugi kula teng masjid.
Sanjange kala wau Kang Badrun pamit badhe tumbas es campur kangge kula lan Ibu.
Kok ngantos sakniki dereng murugi kula malih.” Pitakonane Sinta sajak katon
sujana marang Kang Badrun.
“Wa’alaikumsalam, Ndhuk. Saiki luwih becik awakmu bali
menyang omah wae.” Ibune nangis lan isih ora percaya apa sing diomongke anak
wedoke kuwi.
Sakwise Sinta ing Omah banjur dheweke nyritakake kabeh
marang Ibune, yen dheweke diparani Kakange Badrun ing sekolahan banjur mandheg
ing masjid. Ing kono Sinta lagi sadhar yen Kakange Badrun kuwi wis kapundhut
seminggu kepungkur. Sinta banjur kaget lan ora nyana, kanthi ati kebak
pitakonan sapa sing marani dheweke mau nalika ing sekolahan. Saka kedadeyan
kuwi Ibu lan sinta banjur donga marang Gusti supaya Kakange Badrun ing kana
bisa tenang. Ibu lan Sinta wis ikhlas yen kudu kelangan Kakang Badrun.
Komentar
Posting Komentar