essay sindhenan jawa kaancam kaliyan lagu jaman now
Sindhenan Jawa Kaancam Kaliyan Lagu Jaman Now Saperangan saged kita mangertosi menawa sindhen menika sampun boten asring kepireng ing jagad nuswantara. Sindhen menika sebutan kangge tiyang estri ingkang nyanyi ngiringi gamelan utawi karawitan sadurunge tembang utawa gendhing diwiwiti kayadene nyanyi solo sadurunge tembang utawa gendhing diwiwiti. Ananging samenika namung saperangan remaja utawa tiyang enem ingkang mangertosi lan nguri-uri babagan persindhenan menika, amarga sindhenan jawa menika sampun kalah kaliyan lagu-lagu utawa tembang-tembang ingkang langkung hits tinimbang tembang utawa gendhing-gendhing jawa. Lagu-lagu hits jaman now menika saged ditingali wonten internet dados gampang sanget menawa tiyang badhe ningali. Kadosta lagu pop, lagu dhangdhut, lagu reggea, lagu rock, lan sapiturute. Kenging menapa para remaja utawa tiyang enem langkung seneng nyinauni lagu-lagu menika, amargi lagu-lagu hits jaman now langkung gampang menawa arep disinauni. Saged ditingali sak...