cerkak katresnan (pisahing ati)


Pisahing Ati
Dening Tutik Kholifah (2601417021)
Wayah wengi kang nggegirising ati, tumetesing mbanyu kang mbrebes mili ing sajroning kalbu. Lumampah kanthi alon tumuju ing sajroning papan kang gawe bungah ing ati. Putih abu-abu wis ilang, saiki ganten tumuju ing papan kang luwih dhuwur kanggo nggayuh kang dadi cita-cita. Wengi kuwi aku lagi ringkes-ringkes arep budhal menyang Semarang, saperlu nerusake sekolah ing Perguruan Tinggi. Rasane ora kuwat ninggalake wong tuwaku, amarga aku iki anak siji-sijine mula wong tuwaku ngrasa kelangan yen aku lunga.
“Pak, Bu. Nyuwun pangestunipun saking panjenengan, awit benjang kula badhe bidhal dhateng Semarang.” Kandhaku alon marang wong tuwaku. Ibu lan Bapak uga mangsuli.
“Iya, Ndhuk. Bapak lan Ibu mung bisa ndongakke awakmu, mugiya diparingi kelancaran anggone nggolek ngelmu. Sing tenanan lan aja nganti lali karo wong tuwamu.
Aku nangis semono uga Bapak lan Ibu melu nangis, awit wis pirang-pirang taun aku ora tau adoh saka wong tuwaku. Sesok aku kudu budhal Semarang isuk bareng karo kanca-kancaku liyane. Jenengku Oliv Fitriani, kanca-kancaku biasa ngundang Oliv. Aku ora tega ninggal wong tuwaku ing omah dhewekan tanpa, nanging kabeh kuwi pancen kudu nganggo pengorbanan kang gedhe. Isuk kuwi aku pamitan karo wong tuwaku, amarga aku arep budhal menyang Semarang kanggo nerusake sekolah ing Perguruan Tinggi. Wong tuwaku kaya ora lila nalika ngerti yen aku arep lunga, udan tangis nggeluti ati kang lagi keiris. Aku lan kanca-kancaku lunga menyang Semarang.
Nalika ing Semarang aku mung ngeling-eling ngendikane Bapak yaiku kudu sekolah sing tenanan. Wis oleh sak semester aku sekolah, aku bali menyang ngomah kira-kira saben sak wulan amarga ngirit sangune lan ora lali saben dina aku uga nelfon Bapak utawa Ibu amung ngewenehi kabar. Jalaran aku iki bocahe galak, lucu, ditambah cuek, ananging kanca-kancaku malah padha seneng dolanan karo aku.
“Liv, mengko arep tumbas sarapan apa? Rani takon marang aku.
“Aku manut wae Ran, nanging aku kok kepingin soto ya, hehehe.” Aku njawabi sajak guyon.
“Yaw wis, ayo sarapan soto wae.” Rani njawabi lan nggeret tanganku mara ing warung soto.
Aku lan Rani kuwi sak jurusan, kene sahabatan nalika ketemu sepisanan ing wayah ospek kampus nganti saiki awake dhewe wis oleh patang semester, aku sajak gayeng wae menawane omong-omongan karo Rani. Kanca-kancaku padha gumun karo aku, amarga wis sawetara suwene aku durung nduwe pacar. Padahal Rani sing sahabatku wae wis nduwe pacar, ananging aku babar pisan durung tau pacaran. Bukane aku ora pengin nduwe pacar, sinambi aku eling ngendikane Bapak, aku uga isih ngenteni bocah sing dak anti-anti nalika isih SMA. Jenenge Indra, aku ngenteni  Indra awit SMA nganti saiki aku semester papat tanpa ngerti kabare babar pisan. Nanging aku isih setya marang dheweke, rasa tresnaku marang Indra saya adoh malah saya gedhe.
Wis genep patang taun anggonku ngenteni Indra, ananging dheweke ora nggoleki aku babar pisan. Rasa sedhih lan kuciwa ati iki marang Indra, apa bener dheweke ora nduwe rasa tresna marang aku? Padahal wanci SMA aku karo Indra cedhak banget. Ananging saiki kabeh wis beda, aku wis ora kuwat nandhang lara iki mula aku crita marang Rani.
“Ran, apa aku iki salah yen tresna marang wong?” pitakonku sajak isin lan kato sedhih banget.
“Lhoooo, awakmu seneng marang wong Liv? Kok aku lagi ngerti? Bocah ngendi sing bisa nggawe senenge atimu? Ayooo jujur marang aku. Jawabane Rani sajak ngajak guyon aku.
“Wis suwe anggonku seneng marang dheweke Ran, nanging dheweke ora ngerti. Tak pendhem rasa tresna iki dhewekan nganti patang taun suwene, tanpa kabar babar pisan saka dheweke.” Aku njawab kanthi rasa sedhih lan kuciwa marang Indra.
“Eh Ladalahhh, suwe temen Liv anggonmu ngenteni dheweke. Apa ora ana wong lanang liyane? Nganti awakmu ngenteni dheweke semono suwene.”  Jawabe Rani kanthi patrap mangkel.
“Ora ngono Ran, ati iki wis kadhung tresna marang dheweke, aku wis berusaha kanggo ngelalekake dheweke ananging aku tetep ora bisa.” Jawabanku kanthi ngelus dhadha.
“Ya wis Liv, aku ora pengin ngerti awakmu sedhih maneh. Saiki awakmu kudu bisa lali marang dheweke, aja mikirke dheweke maneh Liv.” Rani sajak ngyakinke aku.
“Iya Ran, aku kudu bisa lali marang dheweke.” Jawabku kanthi mantep marang Rani.
Sanalika aku tekan kos-kosan, saiba aku kaget. Amarga, ana sing sms aku. Unine kaya mangkene “Liv, iki aku Indra. Sepurane wis rong taun suwene ora ngabari awakmu amarga hapeku ilang. Kepiye kuliahmu? Aku saiki kerja ing Salatiga melu Pak Dhe ku. Aku entuk nomer mu saka kanca sak kelas e kene mbiyen.” Saiba aku kaget, sedhih, nangis, lan bungah banget, awit wis sawetara suwene Indra ora ngabari aku. Lan saiki nalika aku arep nglalekake dheweke, malah Indra teka maneh ing uripku. Aku langsung mbales sms e Indra, malah kepara telfonan barang. Sanalika sesuk wektu ing kampus, arep dak critakake marang Rani.
Rani wis lega atine, amarga aku wis ora sedhih maneh. Aku crita marang Rani yen mengko sore Indra arep menyang Semarang saperlu nemoni aku. Atiku deg-degan amarga arep ketemu marang Indra sing wis rong taun ora menehi kabar babar pisan. Sore kuwi aku siap-siap, sedhela maneh Indra arep teka.
“Assalamu’alaikum.”
“Wa’alaikumsalam” saiba aku kaget jebul sing ngucap salah kuwi Indra. Langsung kene omong-omongan ing ngarep kos.
“Kepiye kabarmu Liv? Aku rene merga arep ngomong marang awakmu.” Pitakone Indra.
“Alhamdulilah, aku sehat Ndra. Arep ngomong apa to?” sajakku penasaran.
“Sebenere wis suwe aku pengen ngomong iki marang awakmu, nanging aku isih ora nduwe daya kanggo ngomong. Aku tresna marang awakmu Liv, sanalika awake dhewe isih SMA. Nanging aku biyen ora wani ngucapke.” Indra ngomong kanthi serius lan katon isin.
“Sebenere aku ya tresna marang awakmu Ndra, patang taun suwene aku ngenteni awakmu senajan ora ana kabar babar pisan saka awakmu. Atiku bungah banget sanalika awakmu sms aku, awit wis suwe aku ngenteni kabarmu.” Jawabku kanthi nangis.
Akhire aku bisa ketemu lan ngucapke apa sing dak pendhem ing atiku marang Indra, semono uga Indra ya wis marem atine. Akhire kene pacaran lan ora lali nyuwun pangestu marang Bapak lan Ibu. Tresna kuwi ora bisa dipeksa ananging tresna kuwi ana amarga ati kang bisa ngenteni sak suwene ati sijine lumayu.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

cerkak anak (nonton pasar malem)

cerkak lelembut (sapa kuwi?)

kumpulan geguritan (menulis kreatif)