essay sindhenan jawa kaancam kaliyan lagu jaman now
Sindhenan
Jawa Kaancam Kaliyan Lagu Jaman Now
Saperangan saged kita mangertosi menawa sindhen
menika sampun boten asring kepireng ing jagad nuswantara. Sindhen menika
sebutan kangge tiyang estri ingkang nyanyi ngiringi gamelan utawi karawitan
sadurunge tembang utawa gendhing diwiwiti kayadene nyanyi solo sadurunge
tembang utawa gendhing diwiwiti. Ananging samenika namung saperangan remaja
utawa tiyang enem ingkang mangertosi lan nguri-uri babagan persindhenan menika,
amarga sindhenan jawa menika sampun kalah kaliyan lagu-lagu utawa
tembang-tembang ingkang langkung hits tinimbang tembang utawa
gendhing-gendhing jawa.
Lagu-lagu hits jaman now menika saged ditingali wonten internet dados gampang
sanget menawa tiyang badhe ningali. Kadosta lagu pop, lagu dhangdhut, lagu
reggea, lagu rock, lan sapiturute. Kenging menapa para remaja utawa tiyang enem
langkung seneng nyinauni lagu-lagu menika, amargi lagu-lagu hits jaman now langkung gampang menawa
arep disinauni. Saged ditingali saking lirik lan instrumen, lagu-lagu ingkang
gampang dimangertosi artine utawa tegese. Lagu-lagu hits saged dinyanyikake tanpa instrumen, ananging sindhenan jawa
menika kedah dinyanyikake kaliyan piranti gamelan supaya titi larasipun boten
fales.
Sindhen jawa menika nggadhah ciri khasipun, inggih
menika menawa sidhen nggadhah swaten ingkang sae, melengking, lan jernih.
Pesindhen menika sebatan kangge tiyang ingkang saged nyindhen. Sindhen menika
kedah menthel anggene nyanyi, supaya penonton saged terhibur. Biyasane sindhen
menika boten saged kepisah kaliyan karawitan, amargi karawitan menika ingkang
ngiringi sindhen nalika arep nembang. Dados menawi wonten karawitan teng mriku
ugi wonten pesindhen. Karawitan ugi mbutuhake sindhen supaya menapa ingkang dilagokake
wonten ingkang nembangi boten kothong. Sindhenan jawa lan karawitan biyasane
kangge ngiringi kethoprak, wayang, lan sapiturute.
Teknologi ingkang canggih saged ndadosake para
remaja utawa tiyang enem langkung gampang mangertosi lagu-lagu ingkang lagi hits
samenika. Parkawis menika sidhenan jawa dados boten asring dipelajari utawa
ditonton, ingkang saged dimangertosi sindhenan jawa menika salah satunggaling
kebudayan jawi ingkang kedah diuri-uri supaya boten ical saking jagad
nuswantara. Mula saking menika minat remaja utawa tiyang enem ing bidhang persindhenan
saged diarani rendah. Malah wonten ingkang boten minat babar blas kangge ajar
lan nguri-uri kebudayan jawi menika.
Para remaja utawa tiyang enem langkung seneng sinau
lagu-lagu ingkang hits jaman
now amarga wonten saperangan tiyang enem ingkang boten mangertosi babar
blas ngenani persindhenan menika. Parkawis menika wajar sanget amarga wong tua
rumiyin boten sedaya ngajari putra putrine babagan persindhenan jawa, dados
putra putrine boten mangertosi babagan persindhenan. Lagu-lagu hits jaman now samenika langkung
gampang kangge dimangertosi lan dipelajari, amarga bahasane saged dimangertosi
kaliyan para remaja utawa tiyang-tiyang enem. Benten kaliyan tembang-tembang
utawa gendhing-gendhing jawa ingkang ngangge bahasa jawi kina dados para remaja
utawa tiyang enem boten mangertosi artine lan susah kangge ngucapake. Menawi
sampun biyasa anggene sinau sindhenan jawa menika gampang kangge mangertosi artine lan ngucapake
tembung per tembung, ananging benten kaliyan tiyang ingkang boten biyasa
nembangake sindhenan jawa menika. Ateges sindhenan jawa menika boten sedaya
tiyang saged ajar lan sinau babagan menika, ananging kedah wonten tiyang
ingkang langkung paham lan mangertosi babagan sindhenan ingkang purun ngajari
tembang utawi gendhing-gendhing jawa marang remaja utawa tiyang-tiyang enem.
Nalika mirengake tembang utawa gendhing-gendhing
jawa para remaja utawa tiyang enem malah ngrasa wedi amarga boten asring
mirengake tembang utawa gendhing-gendhing jawa. Perkawis menika salah
satunggaling penyebab para remaja utawa tiyang enem boten purun ajar sindhenan
jawa. Amarga asring tembang utawa gendhing-gendhing jawa menika diangge
ngiringi film-film horor. Mula saking menika kedah wonten seminar utawa edhukasi
ngenani persindhenan jawa supaya sedaya tiyang saged mangertosi ingkang
langkung jelas babagan persindhenan jawa ingkang salah satunggaling kebudayan
jawi ingkang kedah di uri-uri kaliyan sedaya tiyang jawa supaya boten ical
saking jagad nuswantara.
Sindhenan jawa menika dados kaancam kaliyan
lagu-lagu hits jaman now, mula saking
menika remaja utawa tiyang enem ingkang nggadhah umur langkung prodhuktif saged
aktif lan nyinauni babagan persindhenan menika. Saged dimangertosi menawi
sakniki sindhen jawa sampun awis ditingali dhateng dhaerah-dhaerah pulau jawa.
Malah tembang utawa gendhing-gendhing jawa sakniki digunakake kangge ndamel sountrack film-film horror. Perkawis
menika malah ndamel para remaja utawa tiyang enem ngrasa wedi lan ketar-ketir
menawa arep nembangke tembang utawa gendhing-gendhing jawa.
Sindhenan jawa menika salah satunggaling kebudayan
jawi ingkang kedah di uri-uri kaliyan sedaya tiyang jawa supaya boten ical.
Mula sindhenan jawa kedah dimangertosi lan dipelajari kaliyan para remaja utawa
tiyang enem ingkang langkung prodhuktif kangge nyinauni babagan sindhenan jawa
menika. Seminar utawa edhukasi ngenani persindhenan jawa kedah dilaksanakaken
supaya boten saperangan remaja ingkang mangertosi babagan persindhenan jawa
menika. Para remaja utawa tiyang enem kedah nggadhahi sikap ingkang langkung
prayoga kangge nyikapi lagu-lagu hits
jaman now lan ugi saged nyinauni bidhang persindhenan supaya kebudayan jawi
menika boten ical saking jagad nuswantara.
Komentar
Posting Komentar