Postingan

essay sindhenan jawa kaancam kaliyan lagu jaman now

Sindhenan Jawa Kaancam Kaliyan Lagu Jaman Now Saperangan saged kita mangertosi menawa sindhen menika sampun boten asring kepireng ing jagad nuswantara. Sindhen menika sebutan kangge tiyang estri ingkang nyanyi ngiringi gamelan utawi karawitan sadurunge tembang utawa gendhing diwiwiti kayadene nyanyi solo sadurunge tembang utawa gendhing diwiwiti. Ananging samenika namung saperangan remaja utawa tiyang enem ingkang mangertosi lan nguri-uri babagan persindhenan menika, amarga sindhenan jawa menika sampun kalah kaliyan lagu-lagu utawa tembang-tembang ingkang langkung hits tinimbang tembang utawa gendhing-gendhing jawa. Lagu-lagu hits jaman now menika saged ditingali wonten internet dados gampang sanget menawa tiyang badhe ningali. Kadosta lagu pop, lagu dhangdhut, lagu reggea, lagu rock, lan sapiturute. Kenging menapa para remaja utawa tiyang enem langkung seneng nyinauni lagu-lagu menika, amargi lagu-lagu hits jaman now langkung gampang menawa arep disinauni. Saged ditingali sak...

cerkak lelembut (sapa kuwi?)

Sapa Kuwi? Dening Tutik Kholifah (2601417021) Udane malah saya deres, Sinta ngiyup ing halte bis saperlu arep bali menyang ngomah. Amarga omahe Sinta karo sekolahan kuwi adoh, banjur dheweke sabendinane numpak bis kanggo mangkat sekolah lan bali menyang omah. Kala-kala nalika kakange ana ing omah lan lagi ora sibuk dheweke diparani marang kakange. Jalaran kakange dina kuwi lagi ana kerjanan sing ora bisa ditinggalna banjur ora bisa marani Sinta. “Saumpama Kang Badrun saiki ora kerja, paling aku ora nganti ngenteni bis lan kudanan kaya mangkene.” Omongane Sinta sing rada kuciwa marang kakange. Sakwise tekan ngomah, banjur dheweke ditakoni marang Ibune. “Ndhuk, kok dengaren bali dalu? Apa mau ora ana bis tah?” Pitakone Ibuke sing khawatir karo Sinta. “Inggih Bu, awit kala wau jawah. Dadosipun bis padha sami leren.” Wangsulane Sinta katon sayah banget. “Yawis, ndang adus banjur mangan.” Wangsulane Ibu marang Sinta. Sinta pancen wis ora nduwe Bapak, dheweke kuwi anak ya...

cerkak anak (nonton pasar malem)

Nonton Pasar Malem Dening Tutik Kholifah (2601417021) Awan kuwi sajake srengenge katon sumringah, gawe bungah ing manah. Bocah-bocah padha dolanan ing lapangan, ibu-ibu padha seneng amarga klambine padha garing, lan bapak-bapak uga melu seneng amarga pegaweyane cepet rampung. Nalika kuwi Toni lagi dolanan bal-balan ing lapangan karo kanca-kancane, Toni pancen wiwit isih umur patang taun wis prigel anggone dolan bal. saiki dheweke umur pitung taun, anggone sekolah wis kelas siji SD. Senajan isih kelas siji SD Toni kuwi bocah sing sregep ngewangi Bapak lan Ibuk e ing omah. Nalika lagi penak-penake dolan bal, dumadakan ana mobil lewat ing tengah-tengah lapangan saperlu ngumumake menawa sok dina Kemis nganti Setu ana pasar malem ing lapangan kuwi. Toni lan sakanca-kancane banget bungah atine, amarga dheweke durung tau mara ing pasar malem. Sakwise krungu wara-wara yen arep ana pasar malem, banjur age-age Toni balik menyang omah saperlu badhe menehi ngerti menyang Bapak lan Ibune....

cerkak katresnan (pisahing ati)

Pisahing Ati Dening Tutik Kholifah (2601417021) Wayah wengi kang nggegirising ati, tumetesing mbanyu kang mbrebes mili ing sajroning kalbu. Lumampah kanthi alon tumuju ing sajroning papan kang gawe bungah ing ati. Putih abu-abu wis ilang, saiki ganten tumuju ing papan kang luwih dhuwur kanggo nggayuh kang dadi cita-cita. Wengi kuwi aku lagi ringkes-ringkes arep budhal menyang Semarang, saperlu nerusake sekolah ing Perguruan Tinggi. Rasane ora kuwat ninggalake wong tuwaku, amarga aku iki anak siji-sijine mula wong tuwaku ngrasa kelangan yen aku lunga. “Pak, Bu. Nyuwun pangestunipun saking panjenengan, awit benjang kula badhe bidhal dhateng Semarang.” Kandhaku alon marang wong tuwaku. Ibu lan Bapak uga mangsuli. “Iya, Ndhuk. Bapak lan Ibu mung bisa ndongakke awakmu, mugiya diparingi kelancaran anggone nggolek ngelmu. Sing tenanan lan aja nganti lali karo wong tuwamu. Aku nangis semono uga Bapak lan Ibu melu nangis, awit wis pirang-pirang taun aku ora tau adoh saka wong tuwaku...

puisi tentang meraih impian

Harapan Disini ku berjuang Disana ada yang menantikan sebuah harapan Apa aku bisa meraihnya? Tinggi memang sangat tinggi Lihatlah, Langit seakan ikut menyeru Bintang pun angkat bicara Katanya, Ada sebuah harapan dibalik sebuah doa                         Engkau bak laksana penyejuk hati                         Seraya berkata                         Ayolah Nak                         Kamu pasti bisa                  ...

kumpulan geguritan (menulis kreatif)

Kumpulan Geguritan klik disini Jamane Barang kang nduweni aji Saiki wus ora digagas Disepelekake dening wong akeh Apa iki wus jamane Jaman kang bubrah Jaman kang wus ora tata             Barang sithik dadi kanca             Barang akeh dadi bencana             Ayo padha tangia             Aja mung bisane ngresula             Candhak tandhang gawe             Kareben ana gunane Ayo padha sadhar Aja mung bisane mung nyampah blaka Iki Negara kang nduweni tata karma Ayo padha dijaga Aja bisane mung nyebabake bencana Kanca Maya Esemane manis Pawakane gagah prakasa Tandang tanduke nyenengake Senadyan...